Tulisan ini dipublikasikan untuk menyenangkan hati penulisnya yang sedang bernostalgia dengan masa SMAnya dulu :D wkwk. Sekedar berbagi :)
SESORAH SABDATAMA
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Dhumateng
panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinurmatan,
saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya. Nyuwun pangapunten dene kula chumanthaka
sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan sedaya, kagem caos sabdatama
utawi ular-ular piwulang utami dhumateng temanten sarimbit. Dene saderengipun
boten kesupen bilih kita sedaya ugi tansah manengku puja munjukaken puji syukur
dhumateng ngarsa dalem Gusti Allah ingkang maha suci lan maha agung.
Nyuwun pangapunten
menawi kula dereng derajat kagem caos sabdatama, jer tembung sabda mekaten
boten wonten ingkang pantes ngagem, kajawi namung Gusti Allah ingkang maha agung.
Sanadyan langkung wasis anakmas temanten menawi kaliyan kula, nanging
tumpraping gesang patembayatan bebrayan, saestu langkung rumiyin kula. Mbok
menawi jalaran langkung rumiyin kula niki ingkang andadosaken kula kepeksa
paring wawasan tumpraping gesang patembayan bebrayan enggal. Anak
mas temanten sarimbit, anggenipun bangun kaluarga kedah nggatosaken lima
perkawis kang diarani MALIMA :
1.
Ma ingkang sepisan inggih punika Momong
: lire wong bebojoan kedah saged mong kinemong. Bisa momong tegese kedah faham ati, sifat,
lan kebiasaan siji lan sijine.
2.
Ma ingkang kaping pindho yaiku Momot,
lire wong bebojoan kedah bisa madahi ala becik bener lupute bojo
3.
Ma ingkang ketelu yaiku Momor, momor
tegese nyanjung utawa ngalem.
4.
Ma ingkang kaping papat yaiku Mursid,
utawi pinter, saengga tiang
bebojonan kedah langkung wasis dibanding rikala isih bujang.
5.
Ma ingkang pungkasan yaiku Migunani, lire
kakung kudu migunani uripe kanggo sing putri, semono uga putri kudu migunani
tumrap kakung.
Mekaten kemawon piwulang
saking kula, dene sampun kathah anggenipun kula ngendikan, cekap semanten atur
kulo, mugi Gusti Allah tansah paring rahmat, nikmat saha hidayah kagem kita
sedaya, kautaman kagem temanten sarimbit saengga saged dados kaluarga ingkang
sakinah mawadah saha warahmah. Mbokbilih kathah klenta klentuning atur saha
kirang trapsila anggenipun matur kula nyuwun pangapunten.
Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah
Wassalaamu ‘alaikum Wr. Wb.
Wassalaamu ‘alaikum Wr. Wb.
ijin copy ya,mbak :)
BalasHapusmonggo, mas :)
BalasHapusIjin copy pastle ya lhur
BalasHapusMohon izin utk mengcopy...🙏
BalasHapusMantul
BalasHapusMantap slurr
BalasHapusOkr
BalasHapusApik
BalasHapusNgopo anonymous ki
BalasHapusYyyy
BalasHapusGabut po yoga
BalasHapusGak guna ini
BalasHapusIjin copy
BalasHapus