CONTOH SESORAH SABDATAMA


Tulisan ini dipublikasikan untuk menyenangkan hati penulisnya yang sedang bernostalgia dengan masa SMAnya dulu :D wkwk. Sekedar berbagi :)
SESORAH SABDATAMA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinurmatan, saha para rawuh sedaya ingkang bagya mulya. Nyuwun pangapunten dene kula chumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan sedaya, kagem caos sabdatama utawi ular-ular piwulang utami dhumateng temanten sarimbit. Dene saderengipun boten kesupen bilih kita sedaya ugi tansah manengku puja munjukaken puji syukur dhumateng ngarsa dalem Gusti Allah ingkang maha suci lan maha agung.
Nyuwun pangapunten menawi kula dereng derajat kagem caos sabdatama, jer tembung sabda mekaten boten wonten ingkang pantes ngagem, kajawi namung Gusti Allah ingkang maha agung. Sanadyan langkung wasis anakmas temanten menawi kaliyan kula, nanging tumpraping gesang patembayatan bebrayan, saestu langkung rumiyin kula. Mbok menawi jalaran langkung rumiyin kula niki ingkang andadosaken kula kepeksa paring wawasan tumpraping gesang patembayan bebrayan enggal. Anak mas temanten sarimbit, anggenipun bangun kaluarga kedah nggatosaken lima perkawis kang diarani MALIMA :

1.      Ma ingkang sepisan inggih punika Momong : lire wong bebojoan kedah saged mong kinemong. Bisa momong tegese kedah faham ati, sifat, lan kebiasaan siji lan sijine.
2.      Ma ingkang kaping pindho yaiku Momot, lire wong bebojoan kedah bisa madahi ala becik bener lupute bojo
3.      Ma ingkang ketelu yaiku Momor, momor tegese nyanjung utawa ngalem.
4.      Ma ingkang kaping papat yaiku Mursid, utawi pinter, saengga tiang bebojonan kedah langkung wasis dibanding rikala isih bujang.
5.      Ma ingkang pungkasan yaiku Migunani, lire kakung kudu migunani uripe kanggo sing putri, semono uga putri kudu migunani tumrap kakung.

Mekaten kemawon piwulang saking kula, dene sampun kathah anggenipun kula ngendikan, cekap semanten atur kulo, mugi Gusti Allah tansah paring rahmat, nikmat saha hidayah kagem kita sedaya, kautaman kagem temanten sarimbit saengga saged dados kaluarga ingkang sakinah mawadah saha warahmah. Mbokbilih kathah klenta klentuning atur saha kirang trapsila anggenipun matur kula nyuwun pangapunten.

Aakhirul kalam, billahi taufik wal hidayah
Wassalaamu ‘alaikum Wr. Wb.

Komentar

Posting Komentar