Cerkak Bahasa Jawa #2

NGEPOSTING TULISAN KELAS SEPULUH
KSBB,


PENJURUSAN

            Salah sawijining dina, Aku, Adiku, Bapak lan Ibuku kumpul bebarengan, mbahas bab penjurusan SMA. Sore iku Aku wes nompo kabar yen aku mlebu penjurusan ilmu sosial (IIS). Pancen rasane radha gelo, ananging aku nyobo nrimo kahanan. Bapakku banjur takon,

Bapak  : Nduk, koe mlebu IS kelas opo?

Aku     : IIS kalih(2) Pak.

Bapak  : Ooo yo nek ngono, sinau sing tenan yo! Ojo neko-neko, koe iseh nduwe tanggungan adhi-adhimu yen mbesok Bapak wes pensiunan koe sing tak pasrahi adhi-adhimu.

Aku     : Njeh Pak.

Ibu       : Lha gene, kog mlebu IPS nduk? Jarene pengen mlebu IPA?

Aku     : Enjeh Buk,sampun kebacut mlebet IS. Mboten menopo-nopo kog Buk, Kulo mbenjang ajeng dados Dosen kados Paklik.

Adik    : Dosen opo Mbak?

Aku     : Dosen Ekonomi, lha piye?

Bapak  : Nek kuliah njukuk jurusan Ekonomi akuntansi wae.

Aku     : Njeh Pak, Insyaallah nek saged malah kulo ajeng ten STAN utawi ekonomi UGM

Bapak  : Ho o, koyo Ibumu mbiyen yo ekonomi.

Aku     : Enjeh nopo Pak, mungale Ibu mlebet IAIN Tafsir Hadist? Lha kog saged ekonomi?

            : ekonomi akuntansi nopo management?

Bapak  : Udu, Ibumu kui yo ekonomi.

Aku     : Ekonomi nopo Pak?

Bapak  : EKONOMI LEMAH.

#berdasar kisah nyata sedikit rekayasa :D

Komentar