“DHAGELAN”
Alhamdulillah yen
diparingi sehat, cobo wae bayangna yen suggih kabeh kabutuhan kecukupan. Nduwe
omah apik, nduwe mobil, nduwe tivi limo nanging yen mripate belekken lakyo ora
wangun tha? Aku banjur kelingan dek dina kamis, dina iku Alhamdulillah aku
sehat. Aku menyang sekolah kaya biasane,
aku sekolah ing SMP faforit yaiku SMP Negeri 1 Pengasih. Tekan sekolah
aku banjur mlebu kelas, ora kroso bel wis muni, iku tandane pelajaran wis arep
dilekasi. 15 menit sakdurunge pelajaran iku tadarus moco Al-Qur’an. Ora kroso
anggone jam pelajaran kepisan tekan pelajaran jam ke-telu uwes rampung, saiki
wektune istirahat. Aku lan konco-koncoku padha dolanan nang njeron kelas,
ngrembug pelajaran karo mangan-mangan. Gandeng kanca-kancaku padha crita
pengalamane dhewe-dhewe aku nduwe cerita lucu kanggo kanca-kancaku, judule : “NGADUSI
KUCING” saka judule wae wus lucu, kucing kui lak kewan sing wedi karo banyu
tha? Genea ngopo kog diadusi?
Ceritane ngene ana
bocah cilik jenenge Andi, Andi nduwe ingon-ingon kang awujud kucing, ono ing
salah sawijining dina, andi ngomong karo bapakne, “Pak, nyuwun dhuwite?”
bapakne banjur takon “arep tok nggo opo to, ndi ?”, Andi njawab “ kangge tumbas
RINSO (deterjen) pak” , karo sumeh Bapakne nerusake takon “ wah kog dingaren
arep ngumbah klambimu dhewe?”karo rodo bingung Andi Mangsuli pitakone Bapakne,
“ ngeten Pak, kula niki gadah kucing, kucinge wau mboten adus pirang-pirang
dino, nah…. Kulo tumbas RINSO (deterjent) wau kangge ngadusi kucing kula.”
Bapakne ngampet ngguyu “ owalahhh Andi Andi anake Bapak sing bagus dhewe
kucingmu kui ojo diadusi, mengko iso mati nek tok adusi”. Andi ngeyel tetep
pengen tuku RINSO (deterjent) kanggo ngadusi kucinge, “tak jamin mboten pak”,
gandheng Andi ngeyel bapakne banjur menehke duit Rp1000,- “iki ndi cukup tha?”
“cukup pak”.
Sakwise ngedusi kucing
Andi banjur marani bapakne karo ngomong, “PAAAAKK KUCINGKU MATI” karo ngampet
ngguyu bapakne omong “ tenan tha? Opo jare bapak kucingmu kui wedi banyu, lha
nek tok adusi yo iso mati” Andi banjur nangis “Pak kucing kula mati mboten
amargo tak adusi” , “ lha terus keneng opo kucingmu ki?” pitakone bapakne
marang andi. “kucing kula mati amargi kula PERES”. Kanca-kancaku podho ngguyu ger-geran
nganti bel masuk wes muni. Rasane seneng banget nek iso nggawe kancaku ngguyu.
aduh wetengku lara amarga ngakak gedhi.
BalasHapusberapa kata ?
BalasHapusTemanya apa ini
BalasHapusAntgomisnya apa
BalasHapus