NGEPOSTING TULISAN KELAS SEPULUH
KSBB,
KSBB,
PENJURUSAN
Salah sawijining dina, Aku, Adiku, Bapak lan Ibuku kumpul
bebarengan, mbahas bab penjurusan SMA. Sore iku Aku wes nompo kabar yen aku
mlebu penjurusan ilmu sosial (IIS). Pancen rasane radha gelo, ananging aku
nyobo nrimo kahanan. Bapakku banjur takon,
Bapak : Nduk, koe mlebu IS kelas opo?
Aku : IIS kalih(2) Pak.
Bapak : Ooo yo nek ngono, sinau sing tenan yo! Ojo
neko-neko, koe iseh nduwe tanggungan adhi-adhimu yen mbesok Bapak wes pensiunan
koe sing tak pasrahi adhi-adhimu.
Aku : Njeh Pak.
Ibu : Lha gene, kog mlebu IPS nduk? Jarene
pengen mlebu IPA?
Aku : Enjeh Buk,sampun kebacut mlebet IS.
Mboten menopo-nopo kog Buk, Kulo mbenjang ajeng dados Dosen kados Paklik.
Adik : Dosen opo Mbak?
Aku : Dosen Ekonomi, lha piye?
Bapak : Nek kuliah njukuk jurusan Ekonomi akuntansi
wae.
Aku : Njeh Pak, Insyaallah nek saged malah kulo
ajeng ten STAN utawi ekonomi UGM
Bapak : Ho o, koyo Ibumu mbiyen yo ekonomi.
Aku : Enjeh nopo Pak, mungale Ibu mlebet IAIN
Tafsir Hadist? Lha kog saged ekonomi?
: ekonomi akuntansi nopo management?
Bapak : Udu, Ibumu kui yo ekonomi.
Aku : Ekonomi nopo Pak?
Bapak : EKONOMI LEMAH.
#berdasar kisah nyata sedikit rekayasa :D
Komentar
Posting Komentar